Sabtu, 12 Oktober 2013

Mung Sekedar Sharing

Wah, maca judhule bae wis marahi bingung. Apa maneh yen wis maca tulisane, mesti tambah ora mudheng. Lha piye ya, iki pancen tulisan sing blas ora genah, amarga sing nulis pernahe ya lagi rada ora beres ( tapi ora gendheng kok wong tulisane iya muni tur isih kena diwaca tur ya rada-rada isih ana tegese,..

Ngene lho, sabenere sing lagi pingin tak critakna karo sapa bae sing dhemen maca tulisanku,.. dadi wong iku sing sakbenere ya gampang-gampang susah.. cok ana sing takon kok bisa mengkono,.. Lha kepriye, saben wong ke nduwe latar belakang panguripan sing beda-beda ugo asal-usul sing beda uga.. Mulane kuwi tak kira kabeh ya ngrasakke nek urip iku pancen rumite ora ngadubilah,.. Jan,.. Serba-serbine marahi ati bingung, pikiran puyeng lan awake mbedhedheg,..

kanggone para mitra sing ngemban tugas dadi guru ana ing pawiyatan agung,.. mesti ngrasakke yen peraturan-peraturan minangka dadi guru iku diowahi terus,.. Perubahan peraturan gelem ora gelem menuntut guru kudu terus menyesuaikan diri dn beradaptasi ( Aja digeguyu ya nek bahasane amburadul bin campur aduk )

Tidak ada komentar: